Kamis, 26 Desember 2019

Lali diri

Aku lali kowe kui dudu priyayi
Kang nduweni pabrik lan usaha ning endi-endi
Aku lali kowe dudu raja
Kang nduweni istana gedhe megah mewah
Aku lali...
Lali saking diri sing ketunggon awit cilik
Lali ilmu kang diajari saking wong tua mbiyen
Aku lali kowe dudu kanggo nglebur penginku
Aku lali ning kene aku dudu anake kowe
Sing kudu dituruti kabeh pengine
Aku lali..
Kowe kui kanca uripku
Kanca diskusiku
Kanca senengku
Kanca susahku
Kanca bahagiaku
Kanca sedihku
Lah kok bisa aku pengin seneng nanging kowe sedih?
Nah ning kono aku lali..
Lali saking diri kang nuntun aku maring suargane Gusti...

2 komentar: